Campaign: Wiki Mrebawani

Cekakan saka Wikipédia Mangreksa Basa Jawa lan Mumpuni, Wiki Mrebawani iku pasanggiri (kompetisi) ing Wikipédia Jawa sing ngupayani nggolèk wong-wong sing perduli basa Jawa lan bisa nulis sarana basa Jawa. Pasanggiri iki ancasé mekaraké paguyuban Wikipédia basa Jawa kanggo mbangun Wikipédia Jawa dadi bauwarna (ènsiklopèdhi) gratis abasa Jawa gedhé dhéwé tur migunani tumrap wong akèh sinartan nguri-uri basa Jawa ing jagat Internèt. Mangreksa ing basa Jawa tegesé 'njaga' lan mumpuni tegesé 'unggul'. Mrebawani uga ana tegesé dhéwé ya iku 'ndayani'.